---
0 ---
Karanganipun Ki
Padmasusastra
Tiyang mardika
ingkang marsudi kasusastran Jawi ing Surakarta
(DIPERLINDOENGI
HAK PENGARANG Stb. No. 600 Taoen 1912.)
Kawêdalakên sarta
kasade dening: Toko buku: Tan Khun Swi ing Kêdiri - Surakarta 1924
---
2 ---
Padoeka Jm. Toean
M. Ng. PRODJOPOESTOKO
(KI
PADMOSOESASTRO)
Beliau seorang
jang ahli dalam bahasa Djawa, dan banjak mengarangkan kitab-kitab bahasa Djawa
yang berfaedah.
---
3 ---
Ing padhukuhan
Maetala, pangagêngipun nama Umbul Jaga Mandhala, wêkêl ing damêl, sugih
rajakaya maesa lêmbu, rêmên ngingah pitik iwèn ayam, kambangan, menthog, brati,
banyak, ngantos tanpa wicalan, lumbungipun kêbak pantun, tiyang nutu pating
crêngklung, botên wontên kèndêlipun, mênir, katul, dhêdhak, mêrangipun dipun
jakatakên. Semahipun Ki Jaga Mandhala tariman saking karaton, taksih kalêbêt
santananing ratu, rukun anggènipun bêbojoan, Ki Jaga Mandhala sae manahipun,
wêlasan dhatêng tiyang pêkir mêskin, dipun tulung sakadaripun, agêng dananipun
dhatêng tiyang malarat, têtiyang sadhusun Maetala sami ajrih asih dhatêng Ki
Jaga Mandhala.
Ki Jaga Mandhala
rumaos bêgja dene botên kirang sandhang têdha, dhasar linulutan sarta
ingaji-aji têtiyang sadhusun Maetala, punapa kajêngipun ing saboboting awakipun
sagêd kadugèn. Nanging mênawi ngèngêt-èngêt anggènipun dèrèng gadhah anak,
kabingahanipun sirna sadaya, sèndhèn ing saka adhêlêg-dhêlêg botên wicantên.
Ingkang èstri anggraita bilih ingkang jalêr prihatos lajêng dipun cêlaki sarwi
wicantên: Ontên napa sampeyan kèndêl mawon, napa
---
4 ---
ontên sing dados
galihe.[1]
Kowe kuwi wong
wadon, ora tau duwe susah, beda karo wong lanang.
Bedane napa,
sampeyan susah: kula ênggih tumut susah, bingah ênggih tumut bingah, ontên
namane tiyang èstri niku: suwarga nunut, nêraka katut, nanging tiyang susah
niku rak ontên jalarane.
Kabungahaning
aurip apa mung gêndhon rukon bae, dhasar wis sugih bêras pari kêbo sapi, omah
gêdhe-gêdhe, sandhangan muwah-muwuh, balik yèn aku kowe tumêka tuwa tiwas ora
duwe anak, sapa sing anduwèni bandhamu iki kabèh, ora wurung kadarbe ing wong
kang ora milu kangelan.
Bok Jaga Mandhala
kraos manahipun kêmbêng-kêmbêng lajêng nangis sênggruk-sênggruk, wicantênipun:
Prakawis niku
kêdah sampeyan galih sing sayêktos, kula mirêng ontên tiyang sagêd, tilas priyantun
saniki mawiku èntên ing Lêbu Pasir, nama Kyai Rasatala niku bantêr tapane, sêpi
têng pamrih, êngga sami sowan mrika mawon nyuwun [nyuwu...]
---
5 ---
[...n] pitulungane
supados sagêda gadhah anak.
Aku iya wis krungu
sarta sêdyaku iya kaya sêdyamu kuwe, dadi ewon kêbênêran padha karêpe. wis ta
sesuk bae mênyang Lêbu Pasir, saiki gawea jadah jênang, jadahe rongpuluh ulig,
jênange sapuluh tingkêm, karo êndhog pindhang patang puluh, ginawe tutup rai
olèh-olèh.
Ênggih.
Wanci enjing Ki
Jaga Mandhala kalihan ingkang èstri dipun iring ing rencang kêkalih minggah
dhatêng rêdi Lêbu Pasir, dumugi ing pacrabakan kalêrês sang wiku lênggah,
ngadhêp parimbon.
Kula nuwun
panêmbahan.
Padha ambacuta
kene bae.
Inggih sandika.
Majua bae linggiha
sing kapenak.
Inggih. Kula nuwun
panêmbahan, sowan kula ing ngarsa sampeyan kalihan tiyang èstri, sapisan:
ngaturakên bêkti kula saha bêktinipun tiyang èstri. Kaping kalih ngaturakên
angsal-angsal jadah, jênang sarta tigan pindhang sakêdhik, kagêm pacitan
ngunjuk wedang ing wanci enjing.
---
6 ---
Iya bangêt
panarimaku, kowe anak putu saka ngêndi, jênêngmu sapa.
Kula umbulipun
dhukuh Maetala, nama kula Jaga Mandhala.
Apa sing kawarta
sugih kêbo sapi kae.
Saking pangèstu
sampeyan inggih kula punika warninipun.
Têkamu ing kene
apa ana pêrlune.
Kula nuwun
panêmbahan, sowan kula ing ngarsa sampeyan dhapur kapêtêngan manah anggèn kula
tiwas dèrèng sagêd gadhah anak, punika mênawi kêparêng kula nyuwun pitulung
isarat tumuntênipun kula sagêd gadhah anak.
Ana uga isarate,
nanging nganggo laku, tur ora mêsthi katarima, mung wajibing aurip nganggo
istiyar, kowe apa kêduga nglakoni.
Inggih sandika,
badhe kula lampahi kalayan sucining manah, sarta lampah wau namung badhe kula
anjingakên istiyar, kados dhawuh sampeyan, dados istiyar wau dèrèng mêsthi
angsal, nanging wajib kula lampahi.
Sukur yèn kowe wis
duwe panêmu mung kok anjingake marang istiyar, yèn ana cabare: aja ko arani
goroh, mung lagi durung pinarêngan bae.
Punika botên
pisan-pisan mênawi kula anggadhahana cipta
---
7 ---
kados ingkang
kapangandikakakên wau, kajawi namung badhe ngèstokakên sapitêdah. Mênggah
lampahipun mênawi botên wados mugi kadhawuhakên.
Ora ana sing wadi
mungguhing jamu, mung nalika tibaning wiji sarêsmi iku ana patrape kang ginawe
wadi, lakune diarani: saptabrata, têgêse: laku pitu, mara rungokna tak wuruki
êmèle. Lajêng dipun wêjang, lair batosipun, pangandikanipun:
Ari Buda kasapta,
angum tirta saparigi sapta, ing Sukra kasapta, cumbana kasapta, ing tabuh sapta
krêsna, rahsa rinêsêp siniram ing tirta marta, dadya Atma Allah kang akarsa,
têgêse:
Ari Buda kasapta
(= dina Rêbo nêptu ... 7)
Angum tirta
saparigi sapta (= adusa sumur ... 7)
Ing Sukra kasapta
(= ing pitung Jumungah ping ... 7)
Cumbana kasapta (=
cumbana ping ... 7) sabên Jumungah cumbana sapisan, ping pitung Jumungah, dadi
ping 7
Ing tabuh sapta
krêsna (= wayah sore jam 7)
Anggèn kula badhe
nglampahi supados botên kadho-kadho mugi kadhawuhna pisan.
Mêngkene:
a. Sabên dina Rêbo
( = malêm Kêmis) adusa sumur 7 wiwit jam [ja...]
---
8 ---
[...m] 6 sore, jam
8. 10. 12. 2. 4. bêngi, sarta jam 6 esuk, ganêp ping } = X 7
b. Sabên dina
Kêmis esuk wayah jam 7, adus kramas sore jam 7, (= malêm Jumungah, bakda ngisa
cumbana.)
Lakune:
c. Sabên bêngi
wayah jam 3 tutug jam 4 = 7 mêtu mênyang latar ngadêg marêp mangulon, iyaiku
ambarêngi têtuwuhan modot madungdung sari mêkar, katrajang ing angimanda[2] anrajang panggonan samadi
arum angambar, Gusti Allah pinarak samadyaning jagad.
Êmèle:
d. He Allah,
kawula ngestokakên karsa tuwan, kawula badhe nurunakên wijining dumadi, mokal
dhawahing wiji siya-siya, amêsthi tuwuh tumêngkar ngisèni buwana, mugi tuwan
nêmbadanana.
Uyup-uyup:
e. Sabên esuk
wayah jam 7 godhong pace 7 lêmbar, sarta
---
9 ---
pêntile kang
tumrucuh 7 iji, karo adas pulawaras, kunir asêm sapantêse, yèn wus olèh 7 dina
lèrèn, nuli uyup-uyup manèh gilir gumanti 7 Jumungah.
Jamune:
f. Sabên ing dina
Rêbo, dadi 7 dina sapisan, suluring mandira mudha lan suluring pandhan wangi
satêkêm, jinantonan banyuning êmpon-êmpon, ginêcak tanpa warih, antuk sabêruk
pajamon, tinetesan banyuning uyah lanang anaa 7 tètès.
Cumbana.
g. Patraping
cumbana kudu môngsa loro ayo padha tak wêjang ana ing pahoman.
Sumôngga.
Wis mangêrti,
kowe.
Sampun.
Ayo bali mênyang
ing jaba.
Sumôngga.
Mung iku, umbul,
kalayan karsaning Allah sajroning 7 Jumungah, bojomu ngandhêg, wis ta padha
muliha tak rewangi cêgah mangan cêgah turu, kabula panyuwunmu.
---
10 ---
Inggih, nuwun
panêmbahan, badhe kula lampahi kalayan têmên-têmên, mugi angsala barkah
sampeyan, kula lajêng kalilan mundur.
Iya Umbul,
nyangoni slamêt.
Inggih nuwun.
Kula nyuwun
pangèstu panêmbahan.
Iya, nggèr, Nyai
Umbul, nyangoni slamêt.
Inggih Nuwun.
Kacariyos Umbul
Jaga Mandhala lajêng tapabrata kalihan bojonipun, tilêm taritis, cêgah nêdha
cêgah tilêm, ngèstokakên pituturipun sang pandhita, kanyatahan bok Jaga
Mandhala katingal ngandhêg sawulan, kados punapa bingahing manahipun Ki Jaga
Mandhala, amutahakên bôndha sagadhah-gadhahanipun kadamêl dana driyah dhatêng
pêkir mêskin, sarta botên kêndhat misungsung dhaharan dhatêng sang pandhita.
Dumuginipun ing môngsa sangang wulan, bok Jaga Mandhala kraos nyakiti badhe
gadhah anak, nanging kasêngkala, bayi botên sagêd-sagêd mêdal, dipun isarati
punapa-punapa ngantos nêlasakên gêndhing mêksa dèrèng sagêd mêdal, ngantos 7
dintên, wusana sagêd mêdal, kêmêl mêdal dhampit, (jalêr èstri)
---
11 ---
sarêng kalihan
pêsating yitmanipun bok Jaga Mandhala, kados punapa susahing manahe Ki Jaga
Mandhala, tinilar ing bojo jaka lara rencangipun sapati-saurip[3]
kados upaminipun karêbahan rêdi, wontên panglipur sakêdhik dene manggih anak
kêkalih jalêr èstri sami wilujêng sarta katingal saras. Kulawarganipun Ki Jaga
Mandhala sampun pêpak sami ngêntosi parentah, layonipun bok Jaga Mandhala
lajêng kinèn nucèni sarta lajêng pinaripurna sakêdhap sampun rampung, botên
nguciwani uparêngganing layon, lajêng kinubur nunggil lêluhuripun.
Ing padhukuhan
Maetala, wontên tiyang bêbojoan dèrèng gadhah anak, nama Ki Jaga Mandhala,
lajêng madhukun dhatêng Sang Pandhita Rasatala wukir Lêbu Pasir, katarimah
sagêd gadhah anak mêdal dhampit, nanging bok Jaga Mandhala pêjah konduran.
Ki Jaga Mandhala
rumaos susah ngopèni bayi kêkalih dening tiyang jalêr sumêlang mênawi kapintên,
pamanahipun prayogi kacaosakên dhatêng sang pandhita, supados winimbasara
wontên pratapan, ing ngriku botên kêkirangan bidhang dhayang
---
12 ---
sontrang, mêntrik[4] kalihdene malih panganggêpipun Ki Jaga
Mandhala, lare wau lare pujan, botên talompe sarêng sampun paripurna pamêtaking
layon, Ki Jaga Mandhala kairing kulawarganipun sawatawis bidhal dhatêng
padhepokan ing Lêbu Pasir, ambêkta anakipun kêkalih, sarta ambêkta abon-abon
sapêpakipun sakalangkung kathah, dumugi ing pacrabakan lajêng anjujug ing
panêpèn, sang pandhita sawêg nyêrat wedha ing rontal, kagèt dhatêngipun ki
umbul sarta ambêkta anak kêkalih jalêr èstri, enggal sinapa.
Bagea sing lagi
têka, kowe umbul ing padhukuhan Maetala Ki Jaga Mandhala, apa padha raharja.
Kula nuwun
panêmbahan, sowan kula ngaturi uninga bilih abdi sampeyan tiyang èstri rencang
lare mêdal dhampit, tiyang èstri pêjah konduran, bayi kêkalih sami wilujêng,
punika kula saosakên ing panjênêngan sampeyan, dening kula tiyang jalêr dhudha
rumaos botên sagêd ngopèni dhatêng lare wau, dene prabeyaning lare sapamong
inyanipun kula ingkang nyanggi, punika wau kula ugi sampun ambêkta abon-abon
[a...]
---
13 ---
[...bon-abon]
sawatawis, kula sumôngga.
Ora nyana aku, yèn
bojomu kasêngkala duwe anak mati konduran, iku baya wis pêsthine, manungsa mung
sadarma nglakoni, ora liwat pamujiku mung ditawêkal bae atimu, ngèlingana
marang anakmu lanang wadon, bokmênawa dadi wiji kêna kogondhèli, dene anakmu
kopasrahake mênyang aku iya tak tampani kalawan suka pirênaning atiku, anakmu
apa wis kowèhi aran.
Dèrèng, kula
sumanggakakên ing panjênêngan sampeyan, mugi kaparingan nama.
Sing lanang tak
jênêngake Puthut Sapartitala, sarta kêna sinêbut radèn, dening isih warènging
ratu turun saka biyung, sing wadon tak jênêngake Endhang Siti Pasir, ngêpèk
arane pratapanku sathithik.
Kula sampun
amrayogèkakên, sarèhning sampun dumugi, kula mugi kêlilan mundur.
Iya umbul, aku
nyangoni slamêt.
Inggih nuwun.
Kacariyos Ki Umbul
Jaga Mandhala, satilaripun ingkang èstri manahipun ngênês, botên sagêd lipur
dening gadhah anak [a...]
---
14 ---
[...nak] kêkalih,
malah sabên kèngêtan anênangi prihatosipun, wasana kêcandhak ing sakit dados
lan ajalipun, katunggilakên kalihan ingkang èstri, ugi sampun ngaturi uninga
dhatêng sang pandhita, andadosakên pangunguning galih, lare kalih dados lare
yatin, botên gadhah bapa biyung, sigêg.
Kacariyos lare
kêkalih winimbasara wontên ing pratapan, dinusan ing toya gege enggal agêng,
kalis ing sêsakit, kalajun agêngipun, sasampunipun wanci ngumuripun pinrêtêk
ing piwulang dening sang pandhita, lare kêkalih landhêp-landhêp manahipun kados
lare kajiman, sabarang ingkang dipun wulangakên sagêd kalêbêt, alus bêbudènipun
dhasar limpad ing panggraita sagêd ngêmpakakên dugi prayogi, kasok sihipun sang
pandhita, winutahakên kawruhipun, dhatêng Puthut Sapartitala, winulang kawruh
jaya kawijayan, kadigdayan lan kanuragan, botên têdhas tapak paluning pandhe
sisaning gurinda, sarta kawruh kridhaning praja, pangrèhipun dhatêng
balatôntra, rumusaking ripu dibya sumusuping byuha kalawêrit, widagda sadaya,
dhasar warninipun sêmbada dhegus, gêdhe bagus sarira abrit lir têmbaga sari,
brengos capang ngombak pindha [pi...]
---
15 ---
[...ndha] parsa[5] tapak angin naut mêmangsan, pantês
trahing winani, sinêmbuh bantêr tapabrata anêtêpi ing kapandhitan, têbih
dhatêng wanodya. Sang Ayu Siti Pasir, dinama-dama dhatêng ingkang eyang,
kinudang krama satriya, marma winêlêg ing kramaniti asusilaning wanita among
maru dhomas, sinihèng priya.
Kacariyos Radèn
Sapartitala, sanadyan kapati brata tilar dhahar tilar guling, ancasipun botên
dhatêng kapandhitan, rêmên suwita ing nata, konjêm marikèlu wontên ngarsanipun
ingkang eyang, tigang dintên tigang dalu dèrèng sinapa, sang pandhita lêgêg ing
galih, pangunadikanipun,[6] apa baya karêpe putuku
iki, dene ora mobah ora mosik ana ing ngarêpanku nganti têlung dina têlung
bêngi, wusana ngandika, Kulup Sapartitala, apa ana karêpmu kang wigati, dene
ora lunga-lunga saka ing ngarêpanku.
Pukulun, ila-ila
punapa ingkang kula panggih bilih kula botên prasaja kadangu sang panêmbahan,
sajatosipun manah kula awrat mati raga wontên ing pacrabakan, dene kaprawiran
kula pêparingipun eyang badhe ical tanpa lari, kêpêndhêm wontên ing
balubukanipun latu pamujan, lêstantun ngantos dumugi ing pêjah, dados badhe
tanpa tilas mênggah ing gêsang [gê...]
---
16 ---
[...sang] kula,
kula nuwun eyang, mênggah ingkang dados kajêng kula ingkang kalayan idi paduka,
kula badhe suwita ing panjênêngan ratu, kêpengin kaabdèkakên anyêmut gatêl, sukur
bage sèwu katarimah pasuwitan kula, sagêd dados punggawaning praja, punika
eyang ingkang dados losing kajêng kula.
Sang pandhita
midhangêt aturing wayah sanalika kagèt, dene ingkang wayah badhe tilar
kapandhitan, rêmên dados brêtyapati, ananging dangu-dangu karaos lêrês aturing
wayah, wasana ngandika.
Kulup, karêpmu iku
aku iya amrayogakake, ananging ora gampang suwita panjênêngan ratu, ora cukup
sangu kapintêran lan kaprawiran bae, isih pirang-pirang prakara pawitane suwita
kang kudu disumurupi, supaya dhamangmu aja tumpang suh kang bakal kolakoni, tak
tuturi rungokna.
1. Sêtya tuhu ing
pangawulan, têgêse trêsna ing gusti trus lair batin, sirik gêdhe nyatur
cacading gusti, sanadyan mung ngêthuki bae iya aran ala.
2. Srêgêp marang
pagawean kang wus winajibake, nanging ora susah dikatokake ing akèh, bêcik ora
katon rampung, tinimbang katon ora rampung.
---
17 ---
3. Aja mèri marang
sihing gusti kang tumiba ing wong liya sanadyan wong liya mau ora nyambut gawe
kaya kowe, kowe môngsa wêruha karsaning gusti kang winadi.
4. Rumêksa lan
ngowêl marang barang kagunganing gusti, dikaya pangrêksa lan pangowêlmu marang
barangmu dhewe.
5. Bisa simpên
wadining gusti, ora kêprojol marang ing liyan, sanadyan marang anak bojo iya
ora, supaya kowe diandêl marang gusti bisa simpên wadi.
6. Sumurup marang
unggah-ungguhing tata krama, aja kongsi kurang luwih, têgêse ngajèni marang
sapadha-padha, angluhurake marang wong gêdhe, nanging aja kongsi ora pratitis,
yèn kurang aran digsura, yèn luwih aran wong lamis, iyaiku sing diarani golèk
pêndhok (pakandêlan).
7. Andhap asor,
nanging aja asoring budi, têgêse budimu kang ngumala, gêlêm kalah marang bôndha
baumu, nanging ora gêlêm dirèmèhake.
8. Ngalah basa
sakêcap laku satindak, nanging aja dadi tukang kalahan.
9. Yèn kowe
dierang-erang ana ing pajagongan, aja kolawani catur, mung ewanana bae, iku
prasasat wis [wi...]
---
18 ---
[...s] kotapuk
raine.
10. Yèn kowe
dikurangajari ing wong aja kok saru, unènana: kewan ingkang tanpa budi gadhah
tata krama, cumbu dhatêng bandaranipun, manungsa botên mêkatên, dhèwèke wis
ribut atine.
11. Yèn diwaoni
gaweanmu kang wis korasa bênêr, aja kopadoni, wangsulana: lêrês karsa sampeyan,
mênggahing sampeyan, botên mênggahing gusti.
12. Tutuping
pituturku disrêgêp marang pasuwitan, sanadyan pintêra bisa anjara langit yèn
kêsèd, iya ora dadi dandanan.
Radèn Sapartitala
mirêng pangandikanipun ingkang eyang, ambarêbês ngêdalakên waspa rumaos dèrèng
kanggenan, saha sêdya angèstokakên piwêling, merang mênawi anggènipun badhe
suwita ngantos katampik dening kirang susila, Radèn Sapartitala matur: Pukulun,
mugi kalilan ing dintên punika ugi kula lajêng badhe dhatêng nagari pados
pasuwitan.
Iya kulup, aku ora
nyangoni apa-apa, mung puji dikirku dadia sangumu suwita.
Aturipun Radèn
Sapartitala: Nuwun. Radèn Sapartitala [Saparti...]
---
19 ---
[...tala] lajêng
kemawon saking ngajêngan, botên mawi mêmampir dhatêng dalêm pamitan ingkang
rayi, lêpas lampahipun, botên kacariyos.
Endhang Siti Pasir
wontên ing paningrat pacrabakan, sawêg nganggit sêkar gambir angsalipun
ngundhuh ing patamanan, dipun cariyosi bilih ingkang raka dhatêng nagari pados
pasuwitan.
Kados punapa
kagèting manahipun, Endhang Siti Pasir tinilar ingkang raka tanpa pêpoyan,
narocos luhipun pindha turasan, nêtah dhatêng ingkang eyang dene anglilani
kesahipun ingkang raka, suwita dhatêng nagari, sariranipun anggana tanpa
rowang, raosing manahipun kados pinêcat, botên wontên kabingahan ing pratapan
ingkang pinanggih, kajawi namung ingkang raka Raden Sapartitala, awit wiwit
alit ngantos diwasa botên nate pisah sarta sami pinanggih yatin tanpa yayah
rena. Ciptaning galih moyar, badhe nusul, pakèwêd sapisan, ingkang eyang môngsa
kaparênga, kaping kalih sumusul dhatêng nagari môngsa sagêda nunggil kalihan
ingkang raka dening dèrèng manggèn sawêg pados pasuwitan, sarta badhe amêmurung[7]
lampah, putêk manahipun Endhang
---
20 ---
Siti Pasir,
pêpuntonipun badhe kesah saparan-paran pados margining pêjah, awit wontên ing
patapan botên kuwawi nandhang susahing manah.
Ing wanci sontên
srêngenge badhe sêrap, pêpêtêng andhatêngi kados pangaluping jagad dhatêng
Endhang Siti Pasir, sang rara malêbêt dhatêng pamêlêngan kados sabênipun, botên
wontên tiyang ingkang anggraitani bilih sang rara nandhang tikbra, pêpuntoning
panggalih lajêng badhe lolos ing dalu punika namung angêntosi wanci bang-bang
wetan, anyarêngi lampahing bakul sêsadean dhatêng pêkên, saupami lumampah dalu
kathah mutowatosipun, sadalu mêrêm mêlik sang ayu botên sagêd sare, sarêng
anggagat enjing mêdal saking dalêm, botên wontên ingkang nyumêrêpi tindakipun
sang dèwi, lêpas lampahipun momor tiyang dhusun ingkang sami badhe dhatêng
pêkên sade godhong kajêng tuwin jêjanganan, sigêg botên kacariyos.
Ing wanci enjing
bok êmban ingkang angladosi sang dèwi, sampun sadhiya wontên ing kori, sarêng
dipun antawisakên dangu dèrèng wungu dipun thothok kontênipun, nanging ngantos
rambah-rambah botên dipun sauri, kori lajêng dipun wêngakakên, sang rêtna
pinanggih sêpên, lajêng dipun padosi dhatêng pasiraman [pasi...]
---
21 ---
[...raman] sarta
dipun uwuh inggih mêksa pinanggih sêpên, bok êmban gadhah panyana yèn sang
putri murca saking pagulingan, dening tinilar ingkang raka Radèn Sapartitala,
lajêng anjêrit alok sang putri murca, sang pandhita kagèt saking panjêritipun
bok êmban, enggal têdhak ing dalêm ingkang wayah pinanggih sêpên, sakêdhap
angêningakên cipta sampun botên kasamaran badhe lêlampahanipun ingkang wayah
sakalihan, nanging taksih sinamar ing dewa, sanadyan namung kaling-kalingan
godhong salêmbar yèn ingupadosan inggih botên sagêd pinanggih, wasana mupus ing
panggalih pasrah dhatêng dewa ingkang linuwih, lajêng ngandika, Wis aja ana
kang padha susah, bandaramu bakal mulya kadadiyane, saiki lagi ginawe lêlakon,
sang pandhita wangsul dhatêng pahoman anungku puja sêmadi, nyuwun widadaning
lêlampahan ingkang wayah sakalihan, sigêg ing pratapan gêntos lêlampahanipun
Radèn Sapartitala.
Kacariyos nagari
Bantala Rêngka, ingkang jumênêng nata binathara ajêjuluk Maha Prabu Sultan
Mangkubumi, ratu jêjaka têbih dhatêng wanodya, anêngênakên olah kaprawiran,
mumpuni sakridhaning byuha kala wêrit, têdhas marang jaya kawijayan muwah
kanuragan, sabên-sabên karsa anjênêngi panggladhinipun ingkang
---
22 ---
para abdi prajurit
sasêliran, tarkadhang karsa anyarirani piyambak anglêrêsakên piwulang ingkang
lêpat, mila ingkang para abdi sangêt pangatos-atosipun, sampun ngantos
kadhawahan bêbêndu, awit sang nata widagda olah dêdamêling prang, misuwuring
asmanipun sang nata angèbêgi sacakraning jagad ingkang têpang kalihan
prajanipun sang prabu, mila para ratu kathah ingkang sami nungkul botên kalayan
kagêbag ing prang, dening karobaning warta kaprawiranipun sang nata,
karêmênanipun sang parabu maos sêrat Wedha sarta sêrat babading nagari, tuwin
sêrat-sêrat anggitanipun para pujôngga, ngantos sang prabu sagêd piyambak
anganggit-anggit mirid yasanipun para pujôngga wau, punika sagêd anêbihakên
dhatêng sêngsêming wanodya, sang prabu karsa krama bilih pikantuk wanodya
ingkang sampurna ing warni, susila ambêk ngumala, dhasar mêngku kasujanan,
bilih botên makatên pratignya badhe wahdat tanpa krama.
Patihipun sang
prabu bijaksana, nyêpêng bang-bang pangalum-aluming nagari, nanging sampun
wrêdha, punika patihipun ingkang rama sang prabu, lêstantun amatihi sang nata,
nama Kyai Patih Janaloka. kyai patih tuna botên apêputra kakung, putranipun
namung sêtunggal putri nama Dèwi Pratiwi.
---
23 ---
Sang prabu miyos
sinewaka wontên ing sitibêntar, ingkang wontên ngarsa Kyai Patih Janaloka sarta
para nayaka wêwolu, sang prabu kèmêngan badra hirawan, dene dèrèng kagungan
senapatining prang, para santana sarta para punggawaning praja dèrèng wontên
ingkang dados panujuning galih. Sarêng kalihan lampahipun Radèn Sapartitala
dumugi ing nagari lajêng anjujug ing alun-alun, pepe wontên sangandhaping
wringin sêngkêran, mabukuh muka konjêm ing siti, sang prabu awas ningali,
ngandika dhatêng kyai patih, E bapa patih, mata-mata kapèn kaya ana bocah pepe
ana sangisoring wringin kêmbar, enggal kongkonana mriksani, sarta kerida ing
lakune. Caraka kapanggih Radèn Sapartitala kadangu sarta lajêng kairid sumewa
ing ngarsa nata, sang prabu ngandika:
Kalingane kowe
singgugmu kaya bocah saka ing gunung, pepe ana ing wringin kêmbar, jênêngmu
sapa, kang ayoga kowe sapa, sêdyamu apa.
Kawula nuwun,
gusti, ratu agung ingkang binathara, nyakrawati ambaudhêndha, nyawanipun
têtiyang alit nagari Bantala Rêngka ingkang asih ing dasih kaswasih, ingkang
abdi nama pun Sapartitala, anakipun Umbul Jaga Mandhala ing dhukuh Maetala
ingkang
---
24 ---
sampun tilar
dunya, dipun sukakakên kapêndhêt anak angkat dhatêng Rêsi Rasatala, ing patapan
Lêbu Pasir, taksih kalêbêt bawah paduka nata, dene sêdyanipun ingkang abdi
nyuwun suwita ing panjênêngan paduka, sanadyan ingkang abdi kapatah dados
pakathik dening sêpên kagunan, ingkang abdi namung sandika anglampahi kalihan
eklasing manah.
Sang nata rêsêp
amiyarsakakên aturipun Radèn Sapartitala, salêbêting galih andugi yèn lare
linangkung, dening pinupu ing pandhita ingkang misuwur namanipun, katitik
pratitising atur jangkêp tata kramanipun, sakeca ulonipun, namung kaunipun raga
taksih anggunungi.[8]
Pangandikanipun sang prabu, Sapartitala sarèhning wis dadi sêdyamu suwita ing
ratu mudha, ing têmbe mung aja kaduwung bae, yèn ora bisa nêtêpi
pangarêp-arêpmu, aku sok wis akôndha aja nganti kêparan tutuh.
Adhuh gusti kula,
ratu agung binathara ingkang misuwur ing jagad, ingkang abdi botên supêna yèn
amêmancènana karsa paduka, agêngipun gadhah cipta murina ing manah dening botên
angsal sih wilasa paduka têmah dhumawah ing sanès, ingkang makatên [ma...]
---
25 ---
[...katên] punika
têtela ing lêpat kawula piyambak, dede saking paduka, kawula sumêrêp yèn paduka
jumênêng ratu kalipatullah, sadaya ingkang kapangandikakakên sarta ingkang
kakarsakakên namung wontên samadyaning lêrês, kawulaning ratu kados upaminipun
sarah munggèng lautan, kombak-kombul sarta kentas dhatêng ing dharatan atas
kawasananing alun, makatên cipta kawula ing dalêm batos, badhe botên anggadhahi
manah piduwung sarta anggarantês, dipun bêdhèla manah kawula amêsthi tulisipun
sami kados kêcap kawula ingkang sampun kawula aturakên wau.
Sang prabu karênan
ing galih midhangêtakên atur wangsulanipun Radèn Sapartitala, lajêng jêngkar
angadhaton, Radèn Sapartitala ingandikakakên andhèrèk, kakarsakakên nunggil ing
gêdhong patêngganipun para panakawan kêkasih, cêlak ing kamar panêpèn, ingkang
sewaka sampun bibaran.
Sang prabu sabên
sontên pinarak wontên ing panêpèn, ingkang kakarsakakên ngadhêp Radèn
Sapartitala, sang prabu saya waspada yèn Radèn Sapartitala mumpuni dhatêng
kawignyan, botên antawis lami, lajêng winisuda dados mantri anom lêbêt, sarta
lajêng kakarsakakên andhèrèk tindakipun sang nata dhatêng [dha...]
---
26 ---
[...têng] gêdhong
pangrêmbagan prakawis nagari kalihan kyai patih sarta para nayakaning praja,
Radèn Sapartitala kalilan usul pamanggihipun.
Pintên-pintên
prakawis ingkang ruwêt dados wudhar, ingkang pêtêng dados padhang dening
pamanggihipun Radèn Sapartitala, para nayaka sami kawêkèn nututi mêmanahanipun
Radèn Sapartitala, lêmbat bêbudènipun, têbih jêjangkahanipun sumêrêp ingkang
wêrit-wêrit, sang nata sakalangkung kêparêng amiyarsakakên pamanggihipun sang
prabu botên kuciwa Radèn Sapartitala kaangkat dados punggawa, botên lami wontên
lowongan bupati nayaka ajal, botên gadhah waris anak jalêr, karsanipun sang
prabu, Radèn Sapartitala kaangkat dados bupati nayaka, sampun botên kuciwa
angêmbat prakawising nagari.
Kyai Patih
Janaloka sangêt sihipun dhatêng Radèn Sapartitala, sadaya padamêlan ruwêt
rêntênging praja kapasrahakên sadaya, awit sampun kenging pinitados anampèni
dhawuhipun sang prabu, kinintên badhe botên madal sumbi. Osikipun Kyai Patih
Janaloka sarèhning sampun sêpuh badhe sêsèlèh kalênggahan dhatêng Radèn
Sapartitala, amargi kyai patih tuna botên gadhah anak jalêr, namung gadhah anak
èstri [è...]
---
27 ---
[...stri]
satunggal nama Dèwi Pratiwi, pinunjul ing warni sawêg mêpêg birai punika sagêda
dados bojonipun Radèn Sapartitala, paribasanipun nitipakên daging saêrêp tumut
ngêpèk kamuktèn, nanging èwêt marginipun dening anak èstri. Kados sarêng
kalihan osikipun sang prabu, kyai patih ingandikan dhatêng panêpèn, adatipun
bilih katimbalan dhatêng panêpèn, botên anggalih prakawising nagari, anggalih
prakawis kadhaton.
Sowanipun kyai
patih, sang prabu sampun lênggah ingadhêp para kêkasih. Kyai patih lênggah
andhêkukul marikêlu, dèrèng dipun dhawuhi majêng, para kêkasih malah sami
kadhawuhan mêdal, sang prabu kantun pinarak ijèn, kyai patih anggraita bilih
badhe nampèni dhawuh wados, botên antawis dangu kyai patih ingandikan, mênawi
piyambakan kramanipun: wa.
Wa, majua cakêt
karo palinggihanku kene.
Nuwun sandika.
Apa kowe sumurup
kang dadi karêpku.
Kula nuwun, namung
Gusti Allah piyambak ingkang sagêd nguningani saosiking pênggalih paduka.
---
28 ---
Aja dadi kagèting
atimu, Wa, karêpku ora marang bosên, malah marang asih trêsna mênyang kowe,
upama ajaa ana lêlakon kang tak kira bêcik dadine, ênggonmu nyêkêl bang-bang
pangalum-aluming nagara ing Bantala Rêngka, amêsthi tak lulusake nganti kowe
tumêka ing jangji mulih marang jaman kêlanggêngan, sarèhning kowe ora duwe anak
lanang, anakmu wadon mung siji, dadi ora bisa ngrasakake kamuktèning bapa,
nanging yèn anakmu bisa laki olèh warangkaning ratu, kang anggêntèni kowe,
kawibawanmu prasasat ora ilang. Awit saka iku, Wa, patih, kalawan lêgane atimu,
anakmu Si Pratiwi tak jaluk, arêp tak lakèkake olèh Si Sapartitala, kowe ngasoa
momong anak tak pasthi saprapating pamêtumu dadi pêpatih.
Kyai patih
mirêngakên pangandikanipun sang prabu kados siniram ing toya windu, awit kapanujon
sangêt kalihan kajêngipun, unjukipun: Gusti ratu pêpundhèn kawula, karsa paduka
ingkang kadhawuhakên wau punika, ingkang abdi sampun botên sagêd amaoni, kawula
amung andhèrèk sakarsa paduka, botên langkung kawula namung anitipakên anak
kawula èstri dhatêng pun Sapartitala ingkang mijil saking karsa
---
29 ---
paduka, awit
kawula sumêlang dening punggungipun anak kawula wiwit lare dumugi diwasa botên
mambêt ajar, namung kawula êma-êma saking gênging katrêsnan kawula anak namung
satunggal.
Prakara iku wis
ana ing aku, Wa, aja sumêlang atimu. Wis ta, kowe mundura, Si Sapartitala tak
timbalane.
Kyai patih lajêng
mundur saking kadhaton, Radèn Sapartitala katimbalan, sampun wontên ngarsanipun
sang prabu, Radèn Sapartitala botên gadhah manah rangkêp, namung kamanah
katimbalan, dados adat kakarsakakên tumut manah tata têntrêming praja. Dangu
sang prabu botên ngandika, wiyosing pangandika:
Sapartitala.
Kawula nuwun,
gusti.
Umurmu wis pira.
Kawula nuwun,
kawula sampun nate kadangu. Umur kawula sêlangkung taun.
Apa kowe durung
niyat rabi.
Dèrèng, malah
sêdya kawula badhe angantuni sasampunipun paduka apalakrama, kawula lajêng
rabi.
Aja mêngkono,
Sapartitala, kowe bêcik andhisikana aku, karana aku durung karuwan apa karsa
palakrama,
---
30 ---
apa ora, lan bakal
ana karsaku kang wigati, kowe rabia olèh anake wa patih, yèn wis kêlakon, wa
patih banjur arêp sèlèh kalungguhan marang kowe, amarga wis tuwa kurang kêlar
anglakoni pagaweyan abot, pêrlune anitipake daging saêrêp marang kowe, aku wis
marêngake.
Gusti, sarèhning
awit saking karsa paduka, saèstunipun unjuk kawula namung sandika nglampahi,
namung raosing manah kawula botên môngga anggêntosi kalênggahanipun kyai patih,
dening kawula rumaos karoban sih dèrèng sagêd malês kadarman, kajawi makatên
kawula rumaos dèrèng nyêkapi nyêpêng padamêlan agêng dados warangkaning nata
binathara, makatên malih sumêlanging manah kawula mênawi saya kathah tiyang
ingkang ngèsêmi, dening kawula trahing tiyang sudra papa aluraning pidak
padarakan, kakarsakakên dados nayakaning praja punika kemawon sampun adamêl
orêging tiyang sanagari ingkang botên sagêd anggayuh kalimpadaning panggalih
paduka, saya malih kawula kakarsakakên dados warangka nata, bokmênawi adamêl
jêritipun isining bumi tinarka namung sih paduka ingkang tanpa watês sarta
katarik kamantu ing kyai patih, [pa...]
---
31 ---
[...tih,] botên
sumêrêp dhatêng pêrluning praja, praja botên ngabdèkakên asli, ingkang
kaabdèkakên budi.
Yèn wong dhêmên
mikir caturing wong kang ora dhêmên sarta wong kang ora sumurup, prasasat kowe
mikir swaraning angin, sadhela-sadhela atimu tansah kagèt, yèn wong ora duwe
pangandêl marang awake dhewe, ora wurung bakal duwe ati ruci sarta ngandhut
sumêlang sadina-dina, ora ngandêl marang wong kang kêna diandêl, tarkadhang
bojone dhewe disujanani, tinarka satrune, turu tansah mêrêm mêlik, esuk sore
trataban watir yèn kaluputan, iba rêkasaning ati yèn wong ora duwe pangandêl,
prasasat niaya marang awake dhewe, apa ora mêngkono.
Gusti, saking
pangèstu paduka kawula sampun sagêd ngangge kalakuan santosa, kawula botên
bingah kaalêm padamêlan kula lêpat, kosok wangsulipun botên susah kacacad
padamêlan kawula lêrês, ananging loking jana punika ingkang kêdah kawula
kawekani, sok sampuna panjênêngan paduka anguningani ciptaning manah kawula,
dados badhe botên kagèt suraking tiyang kathah ingkang sami nyantên awon
kawêntar sagêd nêmpuh kapiyarsa ing panjênêngan paduka, punika ingkang sagêd
[sa...]
---
32 ---
[...gêd]
anipisakên pasuwitan, ical piyandêlipun tiyang sanagari, punika bilih
panjênêngan paduka keguh dhatêng panyantun awon saha cêcampah wau punika.
Kang mangkono iku
wus tak kauningani sarta panggalihku ora banjur kèlu marang piala kang bisa
gawe papa cintrakamu, bakal dak galih kalawan wêning ati suci, nanging aku ora
bakal nampik piwadul mau, awit iku banyu suci kang bisa ambilasi mêntase
ênggonmu mêntas adus lêlangèn ing bangawan.
Kaluhuran dhawuh
paduka, kawula sampun botên sagêd mancèni, saha kawula namung sandika
anglampahi rabi ingkang awit saking karsa paduka.
Kacariyos sang
prabu sampun andhawuhakên dhatêng Kyai Patih Janaloka, putranipun èstri Rêtna
Pratiwi kapundhut badhe katarimakakên dhatêng Radèn Sapartitala sarta
kadhawuhan samêkta bawahaning pikramèn.
Kyai patih enggal
angèstokakên dhawuhipun sang prabu, botên antawis dangu sampun samêkta, sarta
sampun angaturakên dintên sae badhe panggihing pangantèn.
Dintên ingkang
sampun katamtokakên, Kyai Patih Janaloka angulêm-ulêmi para sanak sadhèrèkipun
sarta ngatur-aturi [nga...]
---
33 ---
[...tur-aturi]
para agung nagari ing Bantala Rêngka tuwin jajahanipun, têmpuking damêl
sakalangkung agêng bawahanipun, sampun kalampahan panggih, lêt sadintên sang
prabu têdhak tuwi, mawi pasamuhan agêng malih, sang nata sakalangkung pirêna
aningali pangantèn sakalihan.
Botên kacariyos
rêroncèning damêl, pangantèn rukun anggènipun palakrama, sarta Radèn
Sapartitala sampun tapak sowan anggarap padamêlan kados sabênipun.
Sang nata
anyiyosakên karsanipun angèndêli kyai patih, nuju ing dintên Kêmis kadhawuhan
sowan pêpak, sang prabu andhawuhakên timbalan yèn Kyai Patih Janaloka kalungsur
kalênggahanipun mawi kaparingan pancèn têtêdha siti sêprapating lênggahipun
lami, orêk tiyang sapanangkilan ing lèrèhipun kyai patih, dening botên manggih
kalêpatan, malah mêntas miwaha putra katêdhakan sang prabu. Punika amratandhani
gênging sihipun sang nata dhatêng kyai patih, para wadyabala sidhêm pramanêm,
botên wontên banènipun walang ngalisik. Botên antawis dangu, sang prabu
andhawuhakên timbalan malih, salowongipun patih ingkang kakarsakakên anggêntosi
bupati nayaka anèm kalêrês mantu Radèn Sapartitala, angrêp manahipun tiyang
---
34 ---
sapanangkilan,
sarta angalêmbana jêjêging adilipun sang nata, patih wrêdha taruna lajêng sami
majêng ngabêkti ing sang prabu, sang prabu lajêng jêngkar kondur angadhaton.
Unduripun kyai
patih wrêdha sarêng kalihan ingkang putra mantu radèn apatih taruna dados
pêpenginan ing rukunipun.
Gêntos kacariyos
lolosipun Dèwi Siti Pasir lampahipun amurang marga nusup angayam alas, tanpa
sêdya anut paraning suku, namung pados margi jalaraning pêjah, kandhêg wontên
ing sêndhang agung satêngahing wana, wontên kajêngipun bêndha growong, kagubêt
ing mandira kang thukul ing paragak, tambining bêndha, anggaligir pinulêd ing
sulur mandira dados parigining sêndhang, rawe-rawe tumali ing sela tala kados
katingal sinandhat, udaling toya mulêg angumbul ambèr ing clangap mili sumêntor
dhawah ing julêkan anggrong nyuwara gumrunggung ngumandhang kêmirêng saking
nginggil, toyaning sêndhang akimplah-kimplah wêning kathah minanipun wadêr
pating sliri koyok agêgrombolan, tiganipun rintip tumèmplèk ing sulur mandira
ingkang kaclop ing toya gumêbyar kenging soroting toya ingkang ambêdhah
sêlaning gêgodhongan, pating krêtip kados bara kêlêm salêbêting toya, sang ayu
karênan ningali, kèndêl [kèndê...]
---
35 ---
[...l] wontên
satêpining bèji, lênggah ing sela, pada kinumakên ing toya sarwi kinosokan,
kalalaripun sinarap ing wadêr arêrêbatan, sawênèh angrikiti kanaka adamêl risi,
mênyat saking bèji, anon lawang guwa kagubêt tambining sulur mandira, wontên
korinipun jêplakan saking jawi, sang dèwi badhe sumêrêp lêbêtipun, kolonging
lawang guwa dipun angkat manginggil gampil kemawon, katingal wontên
undhak-undhakanipun sela cêndhani, sang ayu kêpengin nyatakakên tindak
mangandhap anêkak-nêkuk ngêlangut ngatos wontên sèkêt undhak-undhakan dèrèng
dumugi ing dhasar, dipun lajêngakên sawatawis lajêng ngambah palataran wiyar
lajêng gapura munggul, korinipun mênga kemawon, sarta lajêng katingal botên
wontên tiyangipun ingkang jagi, sang ayu têrus malêbêt, katingal kadhaton Nawa
Rêtna, wontên ratunipun putri wrêdha, katitik remanipun sampun pêthak, lênggah
sinewaka wontên samadyaning pandhapa, cahyanipun gumêbyar kados sasôngka sawêg
andhadhari, pamulunipun manis, ingadhêp parêkan cèthi, sang prabu putri
astanipun katingal angawe-awe, Dèwi Siti Pasir botên wang-wang lajêng marêk
makidhupuh angusapi lêbu.
Sang prabu putri
ngandika sarwi mèsêm, bagea kang lagi têka
---
36 ---
putrine wong Lêbu
Pasir Dèwi Siti Pasir.
Sang ayu eram
salêbêting galih, dene sang prabu putri pirsa sadèrèngipun winarah, matur sarwa
angrêrêpa, dhuh sang misudhèng sih, pangèstunipun sang adi pukulun, nuwun
wilujêng.
Aku wus sumurup
marang ajal[9] kamulanmu rara Siti Pasir ing
pratapan Lêbu Pasir, sarta sêdyamu sajroning ati ngupaya sadulurmu lanang Radèn
Sapartitala, arêp nusul marang praja pakewuh lakumu, têmahan anrang wèsthi
lunga saparan-paran anut lakuning pada, apa ora mêngkono, rara.
Kula nuwun inggih,
kasinggihan ingkang pangandika sarema botên wontên ingkang sulaya. Kula nuwun,
paduka ratu putri binathari manggèn wontên ing kadhaton samun, punapa
milanipun, saha kangjêng eyang ingkang asma sintên.
Satêmêne aku iki
randhane Prabu Bumi Padha, akadhaton ing Bumi Dhasar (Guwa Seluman) kang
kosumurupi iki, lumurug ing prang tumpês sawadyabalane, aku kari mung karo para
wanodya, dene jênêngku Kismawati.
Kangjêng eyang,
kula sapunika kadospundi, kula nyuwun pitêdahing rèh lampah kula, sagêdipun
pinanggih kalihan sadhèrèk kula jalêr, kula botên sagêd gêsang bilih botên
nunggil [nung...]
---
37 ---
[...gil] kalihan
sadhèrèk.
Dhenok aja
mêngkono karêpmu, kowe pinasthi bakal dadi wêwadhahing têdhake para ratu ing
Bantala Rêngka, kakanganmu kang dadi êmbanan, lêstari ing sapandhuwure, malah
saiki kakangamu wis andhisiki dadi patih ana ing Bantala Rêngka, anggêntèni
lêlakoning maratuwane, karêpku kowe saiki lèrèna ana ing kene bae, angêntèni
karsaning Pangeran bakal tibane jatukramamu, bokmanawa ora suwe, iki wis
mangsane.
Gêntos kacariyos,
kocapa sang prabu kêpengin cangkrama wontên ing wana Tibrasara, kawartos ing
ngriku kathah bêbujênganipun kidang manjangan[10]
kancil sasaminipun, pêksi-pêksi inggih kathah, dhasar satêngahing wana
katrajang ing lèpèn bênawi agêng kathah minanipun, karsanipun sang prabu botên
namung ambêbujêng buron wana kemawon, inggih ugi karsa ambêbêdhag sarta misaya
ulam lèpèn, sang nata lajêng adhêdhawuh dhatêng radèn apatih kinèn samêkta
upakartining têdhak pêpara sarta sangu motha pêthan kadhaton, dintên Buda Cêmêngan
sang prabu karsa bidhal, kaangkah ngantos samadya côndra laminipun.
---
38 ---
Tiyang sapraja
orêg dening sang nata dèrèng nate têdhakan pêpara badhe ngantos sêmantên
laminipun.
Ing ari Buda
Cêmêngan sang nata bidhal, kadhèrèkakên radên apatih, sarta nayakaning praja
sêpalih, ingkang sêpalih kapatah têngga nagari, untabing wadyabala kados sela
blêkithi, anglur botên wontên pêdhotipun, dumugi wana tarataban cêlak kalihan
bênawi, motha pêthan kadhaton kababar, pasareanipun sang nata pinagêran ing maliyo
seta, binara ing sêkar sêdhah salaka, samirana ngidid nampêg maliyo malêmbung
pindha aluning sagantên, bara pindha roning pisang suwèk pating saluwir
katêmpuh drêsing angin-angin, botên gigal saking papahipun, sang nata malêbêt
ing kadhaton wangunan piyambak tanpa kanthi, lajêng sare ing kanthil gadhing
ngagêm kajang sirah (gêmbuk) satunggal, angèngêt-èngêt karsanipun ing dintên
benjing-enjing, wasana santun cipta karaos dene botên wontên lêlayanipun
ginêman, saupami sang prabu sampuna kagungan pramèswari, amêsthi kathah
pangandikanipun ing bab wau punika, langkung malih kabingahan ingkang badhe
pinanggih anggènipun karsa bêdhag pikat sarta ambêbujêng buron wana, punapadene
misaya ulam lèpèn, pikantukipun dados angsal-angsal, iba agênging galihipun [galihi...]
---
39 ---
[...pun] ingkang
rayi. Nalika sêmantên kagungan osik birai dhatêng wanita, karsanipun salêbêting
galih, kondur saking pêpara badhe karsa krama, ananging paningalipun sang
prabu, sêpi botên wontên wanodya ingkang panuju ing galih. Pintên-pintên para
nata ingkang anglampahakên dom sumurup ing toya angangkah putranipun kagarwa
ing sang prabu, mawi ambêktakakên gambaripun sang putri, ananging satunggal
botên wontên ingkang katampèn, tingalipun sang prabu dhatêng ing gambar, mêsum
dèrèng pantês dados timbanganing sariranipun, dhasaripun sang nata, tani, dangu
ngraosakên sêbêle jatukramanipun, sanadyan saking pandamêlipun piyambak, inggih
mêksa ngrêsula, wasana sare. Salêbêtipun sare supêna kapanggih wanodya endah
ing warni, prasaja agêm-agêmanipun, katingal nawung sungkawa, kapanggih kalihan
sang prabu botên katawis anggragap kados satatanipun wanodya lan priya
kêpanggih ijèn, sang nata kasabêt ing antêngipun sang pindha Ratih, nandhang
wiyoga dadakan, nanging ajrih lajêng amisesa, dening sang ayu katingal ambêg
susila, botên kengis wênganing netya pirêna, sang prabu anilakrami, anggèr sang
pindha kumala dene katingal kawêlasarsa wontên ing ngriki piyambak, sawêg dipun
tata lajêngipun ingkang sagêd [sagê...]
---
40 ---
[...d] mêmalad
driya kasmaran, kasêlak sang prabu wungu. Guragapan madosi sang ayu, botên
wontên, wasana sumêrêp ing yêktinipun bilih supêna, sampun wanci anggagat
enjing sang prabu lajêng wungu mêdal ing jawi, para wadyabala taksih anggalasah
sami tilêm, dalah radèn apatih sarta para nayaka taksih wontên pamondhokan,
sang nata lajêng ing tindakipun dhatêng sêndhang patirtan sacêlaking kajêng
wungu sakêmbaran, wiwaraning guwa kadhaton.
Kacariyos Sang
Rêtna Siti Pasir ing sabên enjing wungu sare lajêng dhatêng ing sêndhang
patirtan, angagêm sinjang sare bathik guringsing wayang sampun masêm, malah
sampun kathah ingkang pêthak soganipun katingal gumrining amêwahi cahyanipun
sang ayu, dhasar kuning pindha bêngle keris, rasukanipun sêmbagi pêthak mrutu
sèwu wêdalan kusta, mawi kuthu baru, ing jôngga katingal pêthak maya-maya,
dhasar jôngga lumung angulan-ulan, pranaja wêwêg kasingsêtan pamidihing kancing
kuthu baru, katingal ambaludag ambrol saking sètubanda, tujunipun têpining sètu
ngawêng cumondhong angêndhoni dados kêkawal ambèr ing toya, netranipun kocak
kados hèr thathit, tangjêm[11] amitambuh botên salewengan, rema
mêmak angêmbang bakung,[12] ingore
---
41 ---
kalambaran singêt
limar kêtangi, kasiliring maruta manda mawur pating salêbar ngrisakakên
galihipun sang prabu, sinomipun barèh wontên ing palarapan, dening mêntas wungu
saking pagulingan, sang nata karaos ing supênanipun, punapa sang ayu punika
rencangipun sare kala wau dalu, dene ing warna jèblès kados jambe sinigar
palih, namung kaot supêna kalihan sawantahipun, dangu-dangu sang prabu botên
pitados ing supênanipun, ginalih sayêktosipun inggih sang ayu punika
rencangipun sare, nanging lajêng pinaibên piyambak, kala punapa pinanggih
kalayan wanita punika sadèrèngipun kasupêna. Sang ayu kanggêk lampahipun badhe
sêsarêngan sinatriya, tingalipun inggih badhe dhatêng bèji patirtan, mila
lajêng wangsul asêmu rikuh tindakipun baringkungan, lajêng lampahipun.
Sang prabu kasabêt
ing baringkung ngênglêng dadakan, iba dipun kincanga ing imba ingkang rumambat
ing oyot wilis, kados lumuh sami sanalika, bobotipun dipun pitambuhi sang nata
bingung, wasana anêmpuh byat tumut ngêtutakên tindakipun sang putri botên
angetang saru siku, sarta botên sumêrêp badhe kadadosaning sariranipun, namung
sok ugi sumêrêp dunungipun sang putri.
---
42 ---
Sang Prabu Kênya
Kismawati, sapêngkêripun ingkang putra Dèwi Siti Pasir dhatêng ing sêndhang
patirtan, lajêng adhêdhawuh dhatêng pawongan, kinèn amasangi palênggahan
dhampar gadhing kêkalih, ingkang satunggal lugas palênggahanipun sang prabu
putri, satunggalipun pinatik ing nawa rêtna dhawuh badhe palênggahanipun tamu,
sang prabu kênya namung ngagêm busana sarwa pêthak, mungguh kalihan sariranipun
sampun yuswa, dhasar rema sampun pêthak, katingal gumrining cahyanipun
mancorong kaayap ing parêkan cèthi katanggung badhaya srimpi, upacara banyak
dhalang sawunggaling harda walika sami êmas sadaya, Dèwi Siti Pasir sumêrêp
ingkang eyang sampun lênggah lajêng kemawon sumiwi wontên ngarsanipun iring
kiwa kapara kawuri, lênggah makidhupuh konjêm ing siti, ajrih dhatêng ingkang
eyang dene dipun tutakên ing tiyang jalêr, nanging ingkang eyang ing netya
katingal angêmu rêna.
Lêbêtipun prabu
botên nyana mênawi kêsasar dhatêng kadhaton, anyipta badhe manggih bêbaya
saking ratu ingkang jumênêng, dening anggènipun ngêtutakên pawèstri, kinintên
yèn punika garwanipun sang prabu ing ngriku, nanging badhe wangsul lingsêm,
katomah têmên priya ajrih ing pakèwêd, mila lajêng kemawon lampahipun, langak-langak
botên mawi wangwang, ngatingalakên kasuranipun, [kasu...]
---
43 ---
[...ranipun,]
dhasar sang prabu prawira ing jurit, têguh timbul botên têdhas tapak paluning
pandhe sisane gurinda, panggalihipun sang prabu môngsa sandea manggih pakèwêd.
Botên, aluwung pêjah bêrgagah kalihan pêjah mringkus, sampun pinuntu badhe
botên mundur sajangkah, suka lila mantuk aran.
Sang prabu putri
sumêrêp rawuhipun sang nata jumênêng saking palênggahan, lumampah sawatawis
tindak, angurmati rawuhipun sang prabu.
Sang prabu sumêrêp
yèn ingkang jumênêng ratu putri wrêdha, enggal nyantuni patrap anoraga,
mèsêm-mèsêm mamèt prana.
Sang prabu putri
tanggap ing sasmita sarwi ngandika, sumôngga anggèr, mas putu wong abagus,
ratunipun tiyang Bantala Rêngka, kula aturi lênggah ing dhampar gadhing.
Sang prabu eram
ing galih dene sang nata dèwi sumêrêp sadèrèngipun winarah, saya ajrih
sungkêmipun sang prabu, wangsulanipun, sampun eyang kula lênggah ing kursi
kemawon.
Môngsa kadosa
pangandikanipun sang prabu, kula punika jumênêng ratu ing ngriki, kabawah
parentahing wayah kula, kula nyuwun pangapuntên dene dèrèng ngaturi uninga, ing
têmbe môngsa sandea, botên, mila sampun mawi [ma...]
---
44 ---
[...wi]
èwêd-pakèwêd lênggah ing têngên kula, paduka ratu kula, wajib kula aosi ing
salami-laminipun.
Sang prabu
mituruti lajêng lênggah satata.
Dèwi Siti Pasir
uninga ing sêmu rawuhipun sang prabu saking sambang liring angêmu wados, lajêng
mundur palarasan, malêbêt ing dhatulaya.
Sang prabu matur
dhatêng ingkang eyang raja putri wrêdha, pukulun, ingkang asoca bathara,
sanadyan karêntêging manah kula sampun kauningan, nanging subasitaning basa,
kula kêdah amêdharakên raosing manah kula ingkang sampun kauningan salêbêting
batos, kula nyuwun pitakèn, yayi dèwi ingkang kula tutakên saking sêndhang wau,
punapa wayahipun kangjêng eyang sarta punapa sampun winêngku ing priya.
Sang nata dèwi
wrêdha nolih ing pêngkêran, ingkang wayah Sèwi Siti Pasir katingal sampun
mundur malêbêt dhatêng pura. Lajêng amangsuli, anggèr wayah ratu kula, punapa
wontên ingkang kalêbêt ing panggalih, mawi andangu lare wêdalan ing rêdi.
Walèh-walèh punapa
kangjêng eyang, kula brônta dhatêng lare wau, mênawi saèstu taksih lamban, kula
suwun kaparênga dados sori kula, môngka ing salaminipun ingkang sampun
[sampu...]
---
45 ---
[...n] kalampahan,
manah kula têbih dhatêng wanodya, malah anggadhahi cipta botên badhe krama,
dening anon wanodya tansah adamêl ewaning paningal, saking solah bawanipun
kumini, botên mêrak ati. Beda têmên kalihan anggèn kula ningali wayahipun kangjêng
eyang, manah kula kados sinêgrok rêntah dhawah ing siti.
Adhuh babo putuku
wong bagus, punapa panjênêngan paduka badhe karsa palakrama angsal anakipun
tiyang pidak padarakan, ingkang sayogi putra dhaup kalihan putri dewa-dèwi,
rasêksa-rasêksi, makatên kalimrahanipun, dados nyudakakên turasing ratu.
Kang singgihan[13] dhawuhipun kangjêng eyang,
ananging mênggahing kula, krama angsal putraning ratu ingkang ngêbrèh, carawak,
lêngus, botên trêpsila, kula pilampu krama pikantuk anaking punggawa ingkang
sampurna ing warni, susila, mrak ati, cumondhong karsaning kakung, kangjêng
eyang mawi ngandika tiyang pidak padarakan, dhatêng wayah piyambak, punapa
darunanipun.
Makatên mas putu
ratu kula, pun rara punika dede wayah kula piyambak, lare yatin, sampun tinilar
ing yayah rena, Kyai Nyai Jaga Mandhala, umbul ing dhusun Maetala ingkang
---
46 ---
asêsuta pinupu
dhatêng Panêmbahan Rasatala ing wukir Lêbu Pasir, diwasanipun rara kesah
anumpal kèli anut paraning suku ngulari kadangipun wrêdha nama Jaka
Sapartitala, kasasar mriki sawêg pêndhak ari punika.
Adhuh, ya jagad
dewa bathara, kalingane jêbul adhine si kakang patih dhewe, dene sampurna têmên
rupane. Kangjêng eyang kapasang yogi, yayi dèwi punika adhinipun pêpatih kula
pun kakang Sapartitala piyambak, dados sampun botên madal sumbi, kakangipun
kula damêl pêpatih, adhinipun kula pundhut garwa.
Mas putu ratu
kula, kula mangayu bagya karsa paduka, sapunika panjênêngan paduka kula aturi
kèndêl lêrêp wontên ing kêdhaton mamring kaanggêpa pasanggrahan ingkang kuciwa
awit katêdhakan, sampun mungguh dhasar paladènanipun lare pupon wêdalan ing
rêdi.
Eyang, kula botên
sagêd malês sih paduka, ingkang badhe dhumawah, sarta ingkang badhe kula
tampèni kalayan panuwun agêng, kula anggêp pêparinging dewa, dhasar nyata eyang
asarira bathari, sumêrêp sadèrèngipun winarah, namung panyuwun kula ingkang
botên kenging katampik, kêdah botên kalampahan, [ka...]
---
47 ---
[...lampahan,]
kangjêng eyang kula pondhongi dhatêng ing kadhaton kula, mugi kaparênga
angêmong dhatêng panjênêngan kula sakalihan garwa kula, awit kula sampun lola
tinilar ing yayah rena, rama prabu saha ibu sori sampun sami murud dhatêng
kadewatan, panjênêngan paduka dados lêlintunipun tiyang sêpuh kula, mugi sampun
amanggih ajining kadhaton ing Guwa Siluman, kadhaton punika kenging kula
wêstani, tarungku pelag, sae punapa tiyang tinarungku, mungguhipun namung kagêm
pasanggrahan pamêsu katêdhakan ing samôngsa-mangsanipun kawêdhêngan, sagêd
anglêjarakên galih, kula ingkang andhèrèk.
Dhuh mas putu ratu
gusti kula, kula botên sagêd maoni karsa paduka, kula namung andhêdhèrèk
sapangrèh paduka, namung kalampahaning bawahanipun wayah kula, kula suwun
kalampahanipun wontên ing ngriki, sanadyan namung kula wilujêngi jajan pasar[14]
sakadaripun warôndha, jêr sampun dados lêrêsipun, namung ingkang agêng
paramartanipun wayah kula sang prabu.
Kandhêg
cariyosipun sang prabu, ingkang kaaturan lêrêm wontên ing Guwa Siluman,
angêntosi pamiwahaning pasamuwan dèrèng [dè...]
---
48 ---
[...rèng] samapta.
Gêntos kacariyos
ing pabarisan, wanci enjing wadyabala ambalabar sami akêkirab pradandosan
samêkta saupakartining wisaya badhe ambêbujêng, namung kantun angêntosi
wiyosipun sang prabu, nanging sang nata dèrèng katingal wungu, ingantosan
ngantos wanci têngange. Radèn apatih enggal nusul dhatêng pasarean, sang nata
pinanggih sêpên, adamêl kagèt sarta taratabing manahipun radèn apatih, sumêlang
mênawi sang prabu ical kalap wontên samadyaning wana, saking pandamêlipun
drubigsa, awit ing wana Tibrasara misuwur angkêripun, botên kenging janma mara
janma mati[15]
sato mara mara sirna,[16]
radèn apatih enggal mêdal ing jawi ambibarakên barisan ingkang samêkta ambêkta
wisaya badhe ambêbêdhag, kasêbar malêbêt ing wana mangalèr mangidul, sarta
mangetan bangilèn[17] ngupadosi sang prabu, ngantos
sadintên muput, nanging mêksa botên angsal damêl, radèn apatih sarta para
nayaka inggih sami angawaki piyambak ngupadosi sang prabu, ugi botên angsal
damêl, sarèhning pangupadosipun sampun tita botên sagêd kêpanggih, [kêpang...]
---
49 ---
[...gih,]
karsanipun radèn patih, ingkang kamanah pêrlu ing bab pangrêksaning praja,
sadèrèngipun kondur sang prabu sampun ngantos manggih rêtu saking balelaning
para pangeran putra santananing ratu, ing nagari ing Bantala Rêngka. Radèn
apatih saekapraya kalihan para nayakaning praja mantuk angêjèki kadhaton, sami
rumêksa tugur rintên dalu, ngêntosi timbulipun sang nata, sarta nyêbar utusan
ngisêp-isêp dhatêng liyan praja, sigêg ing patuguran.
Kocapa sang prabu
ingkang lêrêm wontên ing kadhaton siluman, antawis samadya côndra upakartining
pikramèn sampun mirantos, kacêkak sang prabu sampun kêlampahan dhaup kalihan
sang juwita, rukun anggènipun palakrama, kados mimi lan mintuna botên nate
bênggang sanyari tansah rèntèng-runtung, sarêng sampun andungkap sêlapan
dintên, sang prabu karsa kondur sarta amboyongi dhatêng ingkang eyang, lajêng
utusan abdi kaparak èstri ing kadhaton, mundhi nawala kaparingakên dhatêng
radèn apatih, ijêmanipun matêdhani uninga yèn sang nata sapunika wontên ing
kadhaton siluman sarta sampun palakrama, angsal putri pêparinging dewa, lajêng
kagancarakên wiwit kêsasaripun sang prabu, kapanggih Nata Dèwi Kismawati
---
50 ---
wontên ing
kadhaton sèluman lajêng kapundhut mantu, urut botên wontên ingkang
kalangkungan, sapunika sang nata mundhut pêthukan karsa kondur, kaancêr-ancêran
bèji agung satêngahing wana Tibrasara. Kados punapa bingahipun radèn apatih,
enggal adhawuh samêktanipun ingkang para abdi, kapradandosan sami sanalika sampun
sadhiya, bidhal panganjuring baris mawi pêthukan jêmpana joli sarta titihanipun
kuda sang prabu, gumarêdêg ambrubul kados lawa mêdal saking guwa, jurang pèrèng
kêbak isi tiyang, ingkang katêrak lampahing baris têmah dados ara-ara, tiyang
padhusunan gêbèl sami ningali ngêtutakên lampahing baris, saya wêwah agênging
lampah, dumugi têpis wiringing wana-wana ing guwa kadhaton siluman, sang prabu
sampun midhangêt pawartos dhatênging pêthukan saking nagari, sampun busana
pangantèn sakalihan pramèswari, ingkang eyang sang raja putri wrêdha botên
kantun, saèstu kaboyongan, miyos saking sêkèthènging kori jêplakan, ing ngriku
dados papan pamapagan jibêg wontên sangandhaping mandira goraya ingkang
angayomi sêndhang pasiraman, radèn apatih sumêrêp sang prabu jumênêng akanthèn
asta kalihan ingkang rayi sang pramèswari,
---
51 ---
lumajêng
gurawalan, anungkêmi pada sarwi kêlara-lara[18] karuna, ingkang rayi enggal nyuwun lilahing
sang prabu, mugi kalilan badhe ngabêkti dhatêng kadang sêpuh, sang prabu pirêna
ing galih kalilan panyuwunipun ingkang rayi, sang putri lajêng andhodhok lampah
bokong ngabêkti ing jêngkunipun radèn apatih tanpa lilah, radèn apatih kagèt
kinabêktèn ing garwa nata, sumingkir akipa-kipa sarwi wicantên, gusti kula
badhe adamêl bilaènipun ingkang abdi (awit radèn apatih botên kaparingan
sumêrêp, yèn garwanipun sang prabu Endhang Siti Pasir ingkang rayi radèn apatih
piyambak sarta radèn apatih botên pisan purun ningali warninipun sang ayu,
anglênggahi kasusilaning kawula, botên pisan-pisan wênang ningali warnining
gusti, sarta sayêktosipun pancèn pangling babar pisan, dening ingkang rayi
mangangge rajakaputrèn).
Sang prabu suka
ing galih, ngandika kalayan gumujêng, Kakang patih, tamatna yayi dèwi, iku
sapa, aja wêdi-wêdi kaya jago kanji mêngkono.
Sang putri tumut
gumujêng sarwi wicantên, aku sapa kang, kowe [ko...]
---
52 ---
[...we] tak golèki
anjajah desa milang kori, jêbul kêtêmu ana kene wis wibawa mukti, dadi
pêpatihing ratu binathara, amêngku putri putraning patih kang minaratuwa, layak
lali marang sêdulure wadon, kang kawêlasasih manut tindaking pada.
Kados punapa
raosing panggalihipun Radèn apatih inguman-uman dhatêng ingkang rayi dhapur
kalinganeya ingkang sarira piyambak dados pramèswarining ratu, pasuwitanipun,
kyai patih ambêngok sarosanipun, supe yèn wontên ngarsanipun sang prabu, sarwi
wicantên: Adhiku wadon kang lair barêng sadina, sarta kang tak trêsnani cilik
mula, arêp tak pondhongi mênyang kapatihan, milua angrasakake kamuktènku, jêbul
kaya mêngkono, dadine malah kabali sura, dadi gustiku, kula sapunika basa krama
dhatêng ingkang sarira kangjêng ratu ratu sadhèrèk kula, kangjêng ratu
lêstantuna basa ngoko angakang dhatêng kula. Sang pramèswari sampun wangsul
kanthèn asta kalihan sang prabu. Para abdi ingkang wontên ngarsanipun sang nata
pating palinguk botên wontên ingkang sumêrêp têgêsipun, sang prabu ngandika:
Kakang sira ngabêktia marang eyang raja putri kang mupu arinira, kang jumênêng
amriksani marang kowe, kyai patih enggal sujud ing sampeyanipun raja putri,
[putri...]
---
53 ---
[...,] ingasta
lungayanipun sarwi ngandika: Patih Sapartitala, aku titip marang sariraku,
besuk aku yèn tumêka ing jangji, pêndhêmên kang jêro, anggêpên ninèkmu dhewe.
O, gusti ratu putri pêpundhèn kula, ingkang anjalari kamulyanipun sadhèrèk kula
èstri, ingkang winêca kuwawi dados wêwadhah, ingkang nêdhakakên karaton ing
Bantala Rêngka, panjênêngan paduka mugi awèta kula tingali ing
salami-laminipun. Kèndêling pangandika, sang nata andhawuhakên bidhaling baris,
gumuruh swaraning tiyang arêbat papan, sarêng mangkat dados ombaking samodra
pasang, anrajang wana pajatèn[19]
baludag dhatêng jurang têrjung kêbak kados ilining ladhu (walahar), sampun
kêbut saking kadhaton siluman, dumugi têpis wiringing nagari saya abusêkan.
Cinêndhak
tindakipun sang prabu sampun rawuh ing kadhaton, sang prabu putri kasaosan
dalêm ing panêpèn dalah ingkang para abdi, sang nata karsa andumugèkakên bujana
agêng, mawi sêsuruhan para ratu liyaning praja.
tamat
http://www.sastra.org/kisah-cerita-dan-kronikal/104-novel/839-kondha-bumi-padmasusastra-1924-112
0 komentar:
Posting Komentar