Wonten salah satunggaling desa inggih menika Desa Makmur, wonten
keluarga ingkang gesangipun rukun lan sae inggih menika keluarga Bapak Wahono.
Bapak Wahono kagungan putra naminipun Prima. Prima bocah ingkang sopan lan alus
anggenipun ngendika, ananging amargi srawung kaliyan bocah ingkang mboten
jelas, unggah-ungguhipun Prima sampun benten.
Bapak
|
:
|
“Le,,,Prima!
Mbeneo dipek!”
|
Prima
|
:
|
“Ono
opo Pak?”
|
Bapak
|
:
|
“Terno
undangan iki neng gone Pak Prapto yo Le.”
|
Prima
|
:
|
“Gah
aku Pak, aku arep mancing.”
|
Ibu
|
:
|
“Weleh….mbok
yo nek karo wong tuo ki gek sopan.”
|
Bapak
|
:
|
“Yo
uwes Bu, nek ora gelem yo ora popo.”
|
Ibu
|
:
|
“Ora
iso ngono kuwi Pak, cah enom sakiki wes akeh gek do ora reti unggah-ungguh,
ojo nganti Prima melu-melu.”
|
Bapak
|
:
|
Mboten
langkung suwe, kancanipun Prima ngampiri.
Kunto
|
:
|
“Prima….!”
|
Prima
|
:
|
(mlayu
mekdal saking griya) “Weh sipek yo brow aku njupuk kunci motor dipek.”
|
Rita
|
:
|
“Yo,,cepet
yo brow!”
|
Kunto
|
:
|
“Yo,
beres.
|
Prima
lajeng mlebet kamaripun mbakyune badhe nyambut kunci motor, amargi motoripun
badhe dingge mancing.
Prima
|
:
|
“Mbak,
aku jileh kunci motore!”
|
Zulfah
|
:
|
“Arep
nang ngendi?”
|
Prima
|
:
|
“Mancing.”
|
Zulfah
|
:
|
“Wegah,mengko
sore arep tak nggo ngeprint tugas.”
|
Priima
|
:
|
“Alah
mbak…rak pelit-pelit.”
|
Zulfah
|
:
|
“Sopo
gek pelit? Luwih penting ngeprint mbangane mancing.”
|
Prima
|
:
|
“Dilit
wes.!”
|
Zulfah
|
:
|
“Yo,
tapi jam 4 mengko kudu wes bali!”
|
Prima
|
:
|
“Yoh”
|
Prima
banjur metu saking kamaripun mbakyune, lajeng pamit kaliyan ibuipun.
Prima
|
:
|
“Bu, mancing”
(sinambi lunga)
|
Ibu
|
:
|
“Ealah….mbokyo nek
pamit ki sek bener.”
|
Lia
|
:
|
“Mas…mas…aku melu.”
|
Prima
|
:
|
“Rasah, adek neng
omah wae.”
|
Lia
|
:
|
“Aaaa….aku melu.”
|
Prima
|
:
|
“Rasah, neng kono ki
eneng raksaksane, mengko ndak dicaplok.”
|
Lia
|
:
|
“Ibu,,,,”(sinambi
ndelik wonten wingkingipun ibu) “Tapi aku mengko digawakke iwakke gek
gedheeeeeeeeeee banget. Yo mas yo?”
|
Prima
|
:
|
“Yo!”
|
Prima
lajeng mancing kaliyan kanca-kancanipun. Saking penakke mancing prima ngantos
kesupen wekdal.
Prima
|
:
|
“Waduh lali aku.”
(sinambi napuk bathukke dewe.
|
Rita
|
:
|
“Ngopo brow?”
|
Prima
|
:
|
“Sakiki jam piro?”
|
Rita
|
:
|
(Ningali jam tangan)
“Jam setengah lima.”
|
Prima
|
:
|
“Waduh, aku sipek
yo. Motore arep dinggo mbakyuku je.”
|
Kunto
|
:
|
“Lah rak sido mbakar
iwak po ye Brow?”
|
Dereng ngantos dijawab, Prima lajeng lunga. Nalikanipun madosi
kunci wonten sak, dompetipun kecer. Ananging Prima mboten mangertos amargi
kesesa.
Saksampunipun
Prima lunga, onten Nilam ingkang lewat dalan menika saking tumbas bumbu masak.
Nilam
|
:
|
(Mendhet dompetipun
Prima) “Dompete sopo yo iki? Ah yo wes go mulih wae.”
|
Saksampunipun
wonten griya, Nilam lajeng nyaoske bumbu masakipun dhumateng ibu Nisah.
Nilam
|
:
|
“Bu, niki
bumbunipun. Artane turah gangsal ewu.”
|
Ibu
|
:
|
“Ow yo. Duite peken
wae Nok, nek tok nggo tuku LKS.”
|
Nilam
|
:
|
“Mbotensah bu, kula
sampun nabung kok kangge tumbas LKS.”
|
Ibu
|
:
|
“Ow yo wes nek
ngono.”
|
Nilam lajeng mlebet kamar. Lan bukak dompet ingkang ditemu wau.
Dompet wau onten fotone ananging mboten wonten identitas sinten ingkang
nggadhahi dompet menika.
Nilam
|
:
|
(sinambi ningali
foto wonten dompet) “Sopo yo iki? Ganteng tenan.” (mesam-mesem)
|
Wonten
dalemipun Prima, Prima bingung madosi dompetipun. Prima tanglet kaleh
keluarganipun.
Ibu
|
:
|
“Sampeyan ki ngopo
to Le? Ket mau kok mubeng-mubeng, opo gek ilang?”
|
Prima
|
:
|
“E…mboh Bu! Dompetku
ilang.”
|
Ibu
|
:
|
“Loh lha adate le
deleh neng ngendi?
|
Prima
|
:
|
“Yo neng sak, tapi
mau tak tilekki wes orak eneng.”
|
Ibu
|
:
|
“Coba takono
mbakyumu.”
|
Prima
|
:
|
“Mbak, ngerti
dompetku ora?”
|
Zulfah
|
:
|
“Dompet opo to? Wong
yo duwe dompet dewe-dewe kok yo rebut.”
|
Ibu
|
:
|
“Oalah….mulakno nek
deleh dompet ki ora sak nggon-nggon. Neng omah iki rak eneng gek jupuk
dompetmu.”
|
Mifta
|
:
|
(Liwat sakngarepe
Prima)
|
Prima
|
:
|
“Dek..dek…”
|
Mifta
|
:
|
“Ono opo Mas?”
|
Prima
|
:
|
“Neng ngendi
dompetku?”
|
Mifta
|
:
|
“Dompet opo to Mas?
Au ulak leti.”
|
Prima
|
:
|
(Bentak Mifta)
“Rasah ngapusi! Tok nggo dolanan neng ngendi dompetku, heh?”
|
Ibu
|
:
|
“Karo adhine ki ora
kasar-kasar ngono kuwi. Karo sing luwih tuo ora boso, karo adhine
mbentak-mbentak. Gek lelakon opo iki….” (ngelus dada)
|
Prima
|
:
|
“Aargh…mboh.”
(Mbanting kursi lajeng lunga)
|
Zulfah
|
:
|
“Sabar nggeh Bu….”
|
Bapak
|
:
|
(Lenggahan wonten kursi)
“Ono opo iki?”
|
Mifta
|
:
|
“Pak Bapak….mau mas
Prima natali atu kalo ibu kalo mbak Zulfah.”
|
Zulfah
|
:
|
“Dompetipun Prima
ilang Pak, lajeng muring-muring.”
|
Bapak
|
:
|
“Yo wes rak popo.
Jenenge we lagi kelangan dompet. Wajar nek muring.”
|
Zulfah
|
:
|
“Pak, menawi Prima
dipunleske matematika wonten nggene Bu Nisah pripun?
|
Bapak
|
:
|
“Loh loh loh…kok
dadi matematika kepriye to?”
|
Zulfah
|
:
|
“Prima nate ngendika
menawi mboten saged pelajaran matematika. Bu Nisah niku tiyang ingkang
ndemenakake Pak, mengke Prima ugi lajeng dipun ajari unggah-ungguh. Pripun
Pak?”
|
Ibu
|
:
|
“Aku setuju kuwi.”
|
Bapak
|
:
|
“Yo wes nek ngono.
Zul, mengko ajaken Prima neng gone Bu Nisah!”
|
Zulfah
|
:
|
“Nggeh Pak.”
|
Prima
dipun ajak Zulfah wonten gone Bu Nisah. Ananging Prima dereng mangertos badhe
dipun ajak mbakyunipun wonten pundi.
Prima
|
:
|
“Arep nang ndi iki
Mbak?”
|
Zulfah
|
:
|
“Ora nang ndi-nang
ndi. Wes to sampeyan manud wae.”
|
Saksampunipun daleme Bu Nisah.
Zulfah
|
:
|
Tok…tok…tok…(Zufah
ndodok lawang) “Assalamualaikum.”
|
Ibu
|
:
|
(Bikak lawang)
“Waalaikumussalam. Ow…eneng tamu to. Mlebet rumiyin.”
|
Zulfah saha Prima
banjur mlebu wonten dalemipun Bu Nisah.
|
||
Zulfah
|
:
|
“Kula Zulfah Bu,
niki Prima rayi kula.”
|
Ibu
|
:
|
“Ow…yo. Niki
putranipun Bu Nur to?”
|
Zulfah
|
:
|
“Inggih Bu.”
|
Ibu
|
:
|
“Nilam….!” (Ibu
Nisah dangu putrinipun)
|
Nilam lajeng mekdal.
Ananging Nilam kaget lan campur seneng amargi ketemu Prima inggih menika
tiyang ingkang wonten Foto.
|
||
Ibu
|
:
|
“Niki putrinipun
ibu, naminipun Nilam.”
|
Nilam banjur salaman
dhumateng Zulfah lan Prima.
|
||
Ibu
|
:
|
“Nok, tulung jupukno
wedhang yo….nggo tamune wakedewe.”
|
Nilam
|
:
|
“Geh Bu…”
|
Nilam banjur mlebet
nyepakkaken wedhang saha camilan kangge Zulfah lan Prima.
|
||
Zulfah
|
:
|
“Sowan kula mriki
badhe ndaftaraken Prima les matematika.”
|
Prima
|
:
|
Kaget, ananging
badhe nolak mboten wani amargi sek mertamu.
|
Ibu
|
:
|
“Ow,,ngono to…yo.”
|
Nilam lajeng mekdal
nyuguhke wedang lan camilan lajeng mlebet malih.
|
||
Zulfah
|
:
|
“Dadosipun pripun
Bu?”
|
Ibu
|
:
|
“Yo,sesuk Senin jam
2 lekase.”
|
Zulfah
|
:
|
“Ow nggeh.
Gegandengan sampun cekap, kula lan Prima badhe pamit rumiyin.”
|
Ibu
|
:
|
“Weh, lah kok
kesesa, diombe dikek.”
|
Zulfah
lan Prima ngunjuk lajeng pamitan kalih ibu Nisah.
Nalikanipun
Prima nembe dolan kalih kanca-kancanipun, Prima nyritakaken kedadean menika.
Prima
|
:
|
“Cah, mosok aku
didaftarke les matematika to.”
|
Rita
|
:
|
“Opo?”
|
“Hahahaha…” (Rita
lan Kunto podho nggeguyu Prima)
|
||
Kunto
|
:
|
“Ket kapan kowe les
matematika ki? Hahaha….”
|
Rita
|
:
|
“Wakedewe ki anak
punk men! Suwe-suwe kriting rambutmu nek les matematika. Mosok anak punk
rambute kriting. Hahaha….”
|
Prima
|
:
|
“Asem!!! Malah do
nggeguyu aku.”
|
Kunto
|
:
|
“Salahmu dewe gelem
dileske.”
|
Prima
|
:
|
“Tak kiro mbakyuku
arep ngewangi aku goleki dompet. Eh….jebule kuthuk marani sunduk.”
|
Rita
|
:
|
“Yo wes brow….aku
lan Kunto bakal ngewangi goleki dompetmu kok.”
|
Prima
|
:
|
“Tenan loh cah… wah
sampeyan kabeh pancen sohibku paling josss!”
|
Dinten
Minggu sampun kalampahan, sakniki dinten Senin. Dinten ingkang dipuntunggu
Nilam kangge mbalekaken dompetipun Prima. Prima les matematika wonten dalemipun
Bu Nisah.
Ibu
|
:
|
“Kuwi mau materine,
sakiki coba soal iki garapen!”
|
Prima lajeng garap
soal ingkang dipunparingi kaliyan Bu Nisah.
|
||
Prima
|
:
|
“Niki Bu, sampun.”
(sinambi maringke garapanipun Prima)
|
Ibu
|
:
|
(Mriksa garapanipun
Prima) “Iki wes bener, kurang nulis rumuse neng duwure. Yo wes, gandeng wes
sore sakiki dipungkasi wae.”
|
Ibu lan Prima maos
Basmalah. Prima lajeng pamit kalih Bu Nisah.
|
||
Prima
|
:
|
“Assalamualaikum.”
|
Ibu
|
:
|
“Waalaikumussalam.”
|
Nalikanipun
Prima metu omah Nilam sampun ngenteni wonten jobo.
Nilam
|
:
|
“Prima,,.”
|
Prima
|
:
|
“Eh, Nilam, ono
opo?”
|
Nilam
|
:
|
“Aku arep takon.”
|
Prima
|
:
|
“Yo.”
|
Nilam
|
:
|
(Nduduhaken dompet)
“Iki dompetmu duduk Prima?”
|
Prima
|
:
|
(Gumun) “Iyo bener.
Kok iso eneng neng gonmu?”
|
Nilam
|
:
|
“Aku nemukake neng
dalan cedak kali.”
|
Prima
|
:
|
“Ow iyo..aku lagi
kelingan nek aku dek emben mancing.”
|
Nilam
|
:
|
(Maringke dompetipun
marang Prima) “Maaf geh, wingi aku urung sempet menehke dompet kuwi.”
|
Prima
|
:
|
“Orak popo kok.
Nuwun nggeh.”
|
Nilam
|
:
|
“Nggeh.”
|
Nilam lan Prima lajeng mantuk. Saksampunipun mangertos
menawi Nilam ndemenakaken, Prima dados bocah ingkang demenakaken ugi.
Kanca-kancanipun ingkang badhe ngewangi goleki dompetipun Prima malah mboten
ketemu lan Prima mboten srawung kalih kanca-kancanipun ingkang mboten sae
rumiyin.
0 komentar:
Posting Komentar