Ing
satunggaling dusun wonten kaluarga bahagia yaiku kaluarganipun Bawang Putih.
Nanging bapak Bawang Putih seg wonten tugas luar kota dados Bawang Putih
tinggal kaliyan ibune ingkang seg gerah. Wonten kaluarga ingkang mboten seneng
kaliyan kaluarga Bawang Putih yaiku kaluarga Bawang Merah.
* Dinten enjing
Bawang Putih : Enjing
bu, kepripun keadaane napa sampun sae?
Ibu Kandung : Alhamdulillah
lumayan.
Bawang Putih : Napa
Ibu purun kula ndamelaken bubur?
Ibu Kandung : Nggih
anakku ...
Bawang Putih : Nggih
bu, tengge sakejap. Putih ajeng ndamelaken bubur rumiyin.
Ibu Kandung : Iya
sayang ...
Bawang
Putih lunga wonten dapur lan nggawe bubur. Sakwise bubur sampun dados, Bawang
Putih teras wonten kamar ibune.
* Wonten kamar
Bawang Putih : Niki
bu buburipun sampun dados.
Ibu Kandung : Matur
nuwun anakku.
Bawang Putih : Enakkan
bu bubur ndamelanipun Putih?
Ibu Kandung : Inggih
nak, enak tenan.
* Dina sesuke
Bawang Merah : Assalamu’alaikum..
(kaliyan ngetuk pintu)
Bawang Putih : Wa’alaikum
salam, eh Bawang Merah, monggo mlebet.
Bawang Merah : Iya,
Ibumu ana?
Bawang Putih : Wonten,
niku seg wonten kamar.
Bawang Merah : Aku
arep ketemu Ibumu.
Bawang Putih : Nggih,
monggo tak terke.
* Tekan wonten
kamaripun ibu
Bawang Putih : Bu,
niki Bawang Merah badhe ketemu Ibu.
Bawang Merah : Nggih
bi ...
Ibu Kandung : Mriki
Merah, Putih lenggah
Bawang Merah : Nggih
...
lan Bawang
Putih
Bawang Merah : Bu,
niki Merah Mbetoaken bubur ndamelanipun Ibu Merah.
Ibu Kandung : Repot-repot,
matur nuwun nggih. Bibi maem nggih?
Bawang Merah : Nggih
bi ...
Bawang Putih : Bu,
kulo ijin ngumbaih rumiyin nggih wonten kali? Assalamu’alaikum.
Ibu Kandung : Wa’alaikum
salam
lan Bawang
Merah
* Sak lajengipun maem bubur saking Bawang Merah
ujug-ujug ibu Bawang Putih kejang-kejang lan akhire ninggal. Bawang Merah
langsung lunga ninggalake ibu Bawang Putih sing seg kejang-kejang lan ngabarake
meng ibune.
Bawang Merah : Ibu
... Ibu ... Ibune Bawang Putih akhire mati.
Ibu Tiri : Wah
tenanan? Kiye kabar sing paling nyenengake (kaliyan ngguyu). Akhire mati ...
Bawang Merah : hahahaha
...
Ibu Tiri : Ngko
tiliki ya, terus ethok-ethok nangis. Gole nangis sing bener kowe loh!
Bawang Merah : Sip
bu ....
* Bawang Putih wangsul
saking ngumbaih wonten kali
Bawang Putih : Assalamu’alaikum,
Ibu... Ibu, Putih wangsul bu (meng kamar ibune). Astaghfirullah Ibu, Ibu
kenging napa? Aja tinggalake Putih bu ..
Bawang
Putih bingung lan panik, terase nelfon bapake sing seg kerja ing luar kota.
* Ing telfon
Bawang Putih : Pak
.. Bapak cepet wangsul
Bapak : Wonten
napa sih Bawang Putih?
Bawang Putih : Niku
pak, Ibu ... Ibu sampun nilar.
Bapak : Innalillahi,
Bapak ajeng wangsul. Assalamu’alaikum ...
Bawang Putih : Wa’alaikum
salam ...
* Bapakipun Pawang
Putih sampun dugi wonten umah.
Bapak : Putih,
ibu pundi?
Bawang Putih : (karo
nangis) Niku pak wonten kamar.
Ibu Tiri : Putih,
kito turut belasungkawa ya ...
Bawang Putih : Nggih bi, matur nuwun.
Bawang Merah : (nangis)
lan Ibu Tiri
* Sakwise pirang wulan, akhire bapak Bawang
Putih nikah kaliyan ibu Bawang Merah lan saiki Bawang Putih urip bareng Bawang
Merah lan ibu tirine.
Bapak : Putih,
sesuk Bapak ana tugas malih nang luar kota, Putih urip sing rukun ya kaliyan
Bawang Merah?
Bawang Putih : Nggih
pak, Putih ajeng rukun. Putih nggih sampun anggep mba Bawang Merah dados mba’e
Putih.
Bawang Merah : Iya
rayiku ...
* Dina sesuke Bapak Bawang Putih lunga. Lungane
Bapak Bawang Putih nggawe Ibu Bawang Merah lan Bawang Merah bungah amarga bisa
nyiksa Bawang Putih.
Bawang Putih : Yuk
mba, kito masak sareng-sareng!
Bawang Merah : Hah,
ra salah krungu? Masak? ngapa aku melu masak, nggawe tanganku kotor bae, wis
nganah masak! (njorogna Bawang Putih).
* Bawang Putih meng dapur karo mikir omongane
Bawang Merah. Sakwise masakipun dados, Bawang Putih nyajikna nang meja makan.
Ibu Tiri : Iki
masakan apa? kok rasane asin (karo numplekna panganan meng rai Bawang Putih).
* Ujug-ujug Bapak
Bawang Putih wangsul.
Bapak : Assalamu’alaikum
...
* Ibu tiri kaget
krungu suara Bapak ngucap salam.
Ibu Tiri : Bawang
Putih sageh resiki kabeh sadurung bapakmu ndeleng!
Bawang Putih : Nggih
bu ...
Ibu Tiri : Awas
kowe ya nek kowe wani ngadu meng bapakmu!
Bapak : Ana
apa kiye kok rungseb tenan?
Ibu Tiri : Iki
pak, Bawang Putih numplekna panganan amarga kirang ati-ati. Ya kan Bawang
Putih?
Bawang Putih : Nggih
pak, Putih nyuwun ngapunten.
Bapak : Ya
wis siki resikna. Bapak rep ngaso sik ...
Ibu Tiri : Bapak
purun didamelaken kopi?
Bapak : Nggih
bu ...
* Ibu nggawe kopi
Ibu Tiri : Niki
pak kopinipun.
Bapak : Matur
nuwun bu.
* Dina sesuke
Ibu Tiri : Pak,
niku Bawang Putih mboten purun ngapa-ngapa. Kerjaane mukur nyante-nyante tok.
Bapak : Ya
wis, mangke Bawang Putih tak omongi.
* Bapak nemoni Bawang
Putih
Bapak : Putih,
mriki kandani
Bawang Putih : Napa
pak?
Bapak : Jere
ibu, kowe nang umah ra gelem ngapa-ngapa. Kaya kuwi ya kerjaane nek ra ana
Bapak?
Bawang Putih : (mukur
meneng)
Bapak : Deneng
ra njawab? Berarti omongane ibu bener ya?
Bawang Putih : (mukur
temungkul karo nangis)
Bapak : Putih!!!
(nyekel dada amarga penyakit jantunge kumat lan teras tiba).
Bawang Putih : Bapak
... Bapak kenging napa pak?
Ibu Tiri : Putih,
kowe ngapakna Bapak? Kowe pengin Bapak cepet mati ya? Ya wis, sageh gawa Bapak
meng kamar?
* Sakwise pirang wulan, amarga ibune kesel
ngurusi bapak sing mriyangen. ibu Bawang Merah nuker obat sing asli karo obat
liya. Bawang Putih kaya biasane terke obat marang bapak.
* Wonten kamaripun
bapak
Bawang Putih : Pak,
niki kula mbetoaken obat.
Bapak : Iya,
matur nuwun Putih.
Bawang Putih : Nggih
pak ...
* Sakwise ngumbe
obatipun, bapak kejang-kejang.
Bawang Putih : Pak,
Bapak kenging napa? Ibu, mba mriki cepetan ...
Bawang Merah : Bapak,
Bapak kenging napa?
lan Ibu Tiri
Ibu Tiri : Putih,
kowe ngapakna Bapak?
Bawang Putih : Putih
mboten ngertos bu ... (karo nangis).
Sakwise
bapak dikubur, Bawang Putih urip dewekan kaliyan siksanipun ibu tiri lan Bawang
Merah.
* Enjing niku Bawang
Merah ngomel-ngomel
Bawang Merah : Bu
... Ibu ... klambiku kotor kabeh ki, wis ora ana sing bersih, ora ana sing
ngumbaih apa bu?
Ibu Tiri : kowe
nangapa sih nduk? Isuk-isuk kok wis ngomel.
Bawang Merah : Ndelo
ki bu, klambiku kotor kabeh, mambu maning.
Ibu Tiri : Ndi
ndi! Ibu ndelo ... ih iya tenanan kotor kabeh,
klambine ibu ya kotor kabeh. Ndi Putih? Wis-wis ben Ibu sing ngongkon Bawang
Putih kon ngumbaih. Putih ... Putih ... meng ndi sih? Bawang Putih!
* Bawang Putih teka
Bawang Putih : Nggih
bu, wonten napa?
Ibu Tiri : Suwe
tenan sih, di undang-undang ra nyaut.
Bawang Merah : Ra
duwe kuping mbok bu ...
Bawang Putih : Anu
bu ... kula seg wonten dapur, seg nggodog wedang.
Ibu Tiri : Alaaah....
alesan bae. Ndelo kiye, kalmbi pada kotor kabeh, ora ana sing bisa dinggo.
Suwe-suwe ora nggo klambi. Saiki kowe lunga meng kali gawa kalmbi iki lan ora
usah kesuen (karo ngontalna klambi kotor meng Bawang Putih).
Bawang Merah : Iki
kumbaih kabeh, awas nek ana sing rusak.... sing wangi, ra kesuen!
* Bawang Putih njiot klambine lan langsung lunga
meng kali, tekan neng kali Bawang Putih ngumbaih klambine Bawang Merah kalih
nembang.
Bawang Putih : Jejel
nek wong tuwaku tesih ana, uripku mesti ora sak nelangsa kiye (selendange
kendang).
Pangeran : (ngrungokna
suara Bawang Putih nembang, tercengang lan meneng ngrungokake). Wah suarane
merdu tenan... sapa ya iku?
* Ujug-ujug kes adohan
keton ibu kandung Bawang Putih, Bawang Putih kaget.
Bawang Putih : Ibu
....
Ibu Kandung : Anakku
kudu sabar ngadepi kabeh iki, sabar ya. Kelak kowe bakal nemuake kebungahan.
* Ujug-ujug bayangan
iku lunga
Bawang Putih : Aneh,
iku mesti mukur angen-angenku tok (karo nggelengna sirah). Ahh, aku kudu
cepet-cepet bali.
Pangeran : (nemokake
selendang nang kali). Iki mesti selendang wong sing nembang mau. Aku kudu
mbalekna.
* Nalika Baang Putih
nglewati hutan, Bawang Putih ketemu seorang peri.
Peri : Cah ayu, nangapa tho
kok murung. Peri bisa ndelo neng raimu, nek kowe kepengin nemokake kebungahan,
kowe kudu sabar, mbaliko meng ujung kali neng hutan iki ....
Bawang Putih : Tenanan
peri?
Peri : Ngandelo, kowe bakalan
nemu kebungahan (peri langsung lunga ninggalake Bawang Putih).
Bawang Putih : Peri
.... (langsung bali meng umah).
* Tekan umah Bawang Putih mbalekna klambi marang
Bawang Merah lan ibu tiri.
Bawang Merah : Ihhh
.... selendangku ndi? Bawang Putih selendanku ndi? kowe nyolong ya?
Ibu Tiri : Bawang
Putih ndi selendange? kowe iki ngumbaih apa nyolong? kowe kirangan gombal ya,
ngantek kudu nyolong. Pokoke Ibu ora kepengin ngerti, kowe kudu mbalekna
selendang iku!
Bawang Putih : Anu
bu, selendangipun kendang kegawa banyu.
Ibu Tiri : Alesan,
wis ra usah pasang rai kaya kuwi. Ibu jeleh werueh. Pokoke ibu geleme selendang
iku mbalek.
Bawang Merah : Dasar,
bisane ngilangna tok... Kerja ora tau beres.
Ibu Tiri : Wis
nganah lunga, dina iki kowe ora ulih jatah maem lan umbe.
* Bawang Putih meng kamar lan nangis ngantek
klalen turu
* Nang ngimpi bawang
Putih ketemu ibune
Ibu Kandung : Bawang
Putih kowe nangapa? kok nangis?
Bawang Putih : Mboten
napa-napa bu... (karo ngusap banyu mripate).
Ibu Kandung : Aja
sedih anakku, sesuk kowe arep ulih kebungahan.
* Ujug-ujug Bawang
Putih tangi kes turune karo ngomong
Bawang Putih : Neng
ndi kebungahan iku bu?
* Dina sesuke
Ibu Tiri : Putih
....
Bawang Putih : Napa
bu .... (njekel sapu)
Ibu Tiri : Wis
beres-beres umah runga? Diresik!
Bawang Putih : Niki
seg nyapu bu.
Ibu Tiri : Ya
wis, sing resik, terus ngko kari nggoleti selendang sing ilang! Cepetan. ora
usah lelet, kaya keong bae.
Bawang Putih : Nggih
bu ....
* Bawang Putih meng
kali nggoleti selendang iku
Pangeran : Napa
iki selendangmu? (ngecungna selendange)
Bawang Putih : Nggih,
niki selendangku ingkang ical.
Pangeran : Sapa
asmamu cah ayu?
Bawang Putih : Bawang
Putih, Pangeran.
Pangeran : Bawang
Putih? Tenanan sampeyan Bawang Putih.
Bawang Putih : Tenanan
...
Pangeran : Tenanan,
aku bakalan mbeto kowe marang istanaku.
Bawang Putih : Nanging,
kula kudu ijin rumiyin kaliyan ibu.
Pangeran : Nggih,
kula ajeng ngeterake kowe ngge nyuwun ijin.
* Bawang Putih lan
Pangeran meng umah. Tekan umah ....
Ibu Tiri : Bawang
Putih, ndi bae kowe, sapa wong lanang iku?
Bawang Merah : Ndi
selendangku?
Bawang Putih : Iki
mba ...
Pangeran : Bu,
kula mriki ajeng nyuwun ijin ngge nglamar Bawang Putih.
Bawang Merah : Enak
bae, iku ora bakal Bawang Putih!
Bawang Putih : Nanging
mba .......
Bawang Merah : Kowe
ra bakal bisa nikah sadurung aku.
Ibu Tiri : Iya,
enak bae kowe ya Bawang Putih, terus sapa sing arep ngurus umah kiye maning?
Pangeran : Wis-wis,
kula ajeng ngajak ibu lan Bawang Merah manggon neng istanaku.
Bawang Putih : Tenanan?
Matur nuwun Pangeranku.
Pangeran : Iya
Bawang Putih ...
Akhire Pangeran lan Bawang Putih urip kalanggengan bungah
neng istana.
0 komentar:
Posting Komentar